UPACARA PANGRUKTINLAY
Alm. Ibu Siti Nurjanah
Sukamangli, 14 Agustus 2013
A. Pambuka
1. Pujian Salam Berkah "
P = Pinujio Allah kang Rama Gusti kito Yesus Kristus Ramane sih palimirma lan
Allah sakehe panglipur
J = Kang nglipur aku sajrone kasusahanku, supaya aku bisoa nglipur marang wong
kang padha nandhang sarupane kasusahan
P = Sih rahmat lan tentrem Rahayu saking Gusti Allah Rama kita, lan Gusti Yesus
Kristus mugi wonten ing Kita sadaya.
P+J = Amin
2. Kidung Pamuji " KPK 143:1,2 Mung Tansah Pasrah Mring Gusti
5 5 6 5 / 3 23 2 1/7 6 1 6/5 45 3
1. Aku tan nate mangerti kapan begja cilaka,
Mung tansah pasrah mring Gusti' yeku pamarta setya,
Manteb pracaya ing ati manut rehlan sabdanya,
Tinuntun dumugeng Swargi ing kasampurnan nyata.
2. Aku asring mangerti karseng Allah Makwasa,
Donga panyuwuning ati tan kajurungan mulya,
Ning Yektine Gusti nganthi astanya tansah ngreksa,
Wit panuntuning Roh Suci kasoran rehing dosa.
3. Pandonga
4. Sabda Panglipur
5. Pandonga
6. Kidung Pamuji : KPK 156 : 1,4 Kori Ingkang Menga
5 5 . 1 1 . 6 5
Kula sumrep kori menga, kang anjog dhateng swarga
Yeku sih rahmate Allah, lantaran sang Pamarta
Reff Syukur dene kula niki nggih taksih winengan kori
Kula - kula nggih kula lan ndika
Daweg sami manggul salib, Andherek Sang Pamarta
Benjing sinungan makutha, Gesang langgeng neng swarga..
7. Layon Kabidalaken
B. Ing Pemakaman
1. Kidung KPK 153 : Ayem Ning Gusti
Ayem neng Gusti Yesus, lerem aneng Swarga
Ingauban ing SihNya, iba ayemiro
Wonten Swarga Ngumandang, lir pendah pra mukti
Neng Swarga samya ngidung lan enggaring ati
Ayem neng Gusti Yesus, lerem aneng Swarga
Ingauban ing SihNya, iba ayemiro
2. Pangandika PD 3:19 lan Kohelet 12:17
" Kita dipun engetaken Pangandikamipun Gusti makaten :
enggonira mangan rejeki klawan kringetan rainira, nganti sira bali marang bumi kang
dadi asalira.....
Iya sadurunge lebunen bali marang lemah sarta bali marang ngarsane Allah kang
maringake.
( Ngepyureken siti lan sekar ing kubur )
Maos Yokanan 11:25-26
3. Sahadat
4. Pandonga
5.Kubur katutp
6. Atur panuwun Brayat
----------